Rembug Tuo Karo Le Tuo

Sanajan aku ra melu ngombe bier utawa alkohol liyane, bengi babar nyambut gawe aku melu kumpul-kumpul mangan karo kolegaku (27/10). Acara iku nak tak arani kaya acara sing tujuane ngeraketake pasuduluran kerjo, ben tambah kompak, srawungan lan cerita-cerita.

Aku saiki lagi nyambut gawe neng Panti Jompo Ingelheim Jerman. Kerjoku ra pati abot nak tak sandingke karo kolegaku liyane, yo amarga aku kan statuse lagi sinau saka program Freiwillige Soziales Jahr (FSJ) utawa kerja sosial. Makane, pas wayah ngerumpi sinambi ngenteni pesenan Dinner, aku malah bingung arep nggresulo opo, lha nak tak bathin-bathin, tugasku ra seabot liyane le do melu mangan.




Neng kono, enek bosku lan hampir kabeh pekerja senior le wes berpengalaman. Aku thok le cah ingusan, teko gur melu mangan karo kemekelan ndelok rego panganan. Asem tenan, retio ngono aku rasah mangan ae, byadalah neng wetengku luwe tenan rung ta pakani. Yowes, kepeksa tenan aku pesen panganan iki : Chicken Hamburger. Dongaku gur siji, mugo pithike maremke tenan, awas nak ora, regane 12,99 Euro. Dino kui ae aku mangan larang, sasi ngarep rasah mangan yo ndhuk hahah!


Aku mangan neng Goldener Engel, restoran lokal neng wilayah Ingelheim karo Gau Algesheim. Wedyan, bengi wayah turu og jik rame men neng kono. Lak tamune akeh-akehe mbah-mbah. Le enom kinyis-kinyis koyo aku ra pati akeh. Oya, restoran iki kondang karo bier-e. Ki enek kompor-kompor gawe bier, gedhe lan modern. Aku mah kelingan drum minyak e mbokku.



Pas aku mlebu, matane eh mripate pengunjung do ndelok i aku. Iki dudu GR, neng pancen tenan og. Lha yo yake do nggumun enek wong ayu teko bahahahah. Enek wong kudungan, imut, cilik, kok melu neng rombongane wong Jerman le gedhe-gedhe. *Tenan, ndilalah pas kui kolegaku lemu-lemu. Lak mbak Jasmine ngomong : Nduk deloken kui, do nyawang raimu, kui rung adus po yake? Wah, mbak Jasmine i apik tenan ngendikane hahah, aku gur ngguyu ro ngomong, “Lha aku ayu og mbak!”

Dino kui le teko wong 8 tog, rapopo jarene bosku. Sumpah, lambene kolegaku i criwit tenan, le di omongke ra adoh-adoh saka kerjo, ngrasani kae, ngrasani kui lak ngrasani aku barang. Goro-gorone aku gaweane ngemil terus. Lhak yo urusanku to yo? Gen! Ngemil ae kok ra lemu, jare kolegaku mbak Verena. *ra lemu mu mbak! Bahaha.

Pas wayah mesen pakan lan ombe, pelayane ngampet ngguyu. Anyel aku, soale kui jane arep ngguyu aku...ngetoki tenan og. Kolega 1 pesen alkohol campur opo ngono, sijine wein, terus ombenan lokal Ingelheim le enak plus larang kanggoku, ndang tibone aku, pelayane mendelik pas krungu : Heiße Schokolade (Coklat Panas).




Subscribe to receive free email updates:

0 Response to "Rembug Tuo Karo Le Tuo"

Post a Comment

Maturnuwun kunjungan dan komentarnya :D